Bahasa Jawa Kelas 4 1 November 2021
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Kode Unik Siswa *
Nama Siswa *
Kelas *
 Model Teks Pinilih: Teks Narasi lan Teks Deskripsi
Gladhen 1: Titikane Teks Narasi
Narasi, yaiku teks kang ngandharake lelakon utawa kedadeyan anut urutan wektu (kronologis), ana paraga, latar, lan alur. Bahane teks teks narasi bisa saka pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe.
Wacanen teks iki lan tindakna ayahan sabanjure!
Loper Koran
Loper Koran
Bubar sholat subuh, srengenge ing sisih wetan durung mlethek. Nanging, Haris bocah cilik protholan SD sing wis rong taun ditinggal tilar donya wong tuwane, wis katon nlusuri dalan lan gang-gang ngeterake koran marang pelanggane. Sepedha onthel tuwa sing wis ora ana slebore, digenjot alon merga sikile gaduk-gaduk tuna.
Tekan ngisor wit palem ing Komplek Perumda Bojonegoro, “Brak !!!” Haris tiba njungkel. Sepedhahe nabrak kothak cilik sing dibungkus kain ireng. Koran sing dijepit karet ing boncengane korat-karit. Karo mringis merga nahan lara, Haris nyedhaki bungkusan sing ditabrak mau.
“Apa ta iki?” Haris nggremeng jroning batin. Bungkusan dijupuk banjur diangkat. Saka njero bungkusan keprungu swara kemrincing.
“Ha...emas!!!” Tangane Haris nggregeli, awit lagi sepisan iki weruh mas-masan samono akehe.
“Banjur iki duweke sapa?” Haris clingukan, ing batine banjur thukul paperangan, “Dakgawa mulih, apa daklapurke pulisi?”
“Aku butuh dhuwit, yen mas-masan iki dakdol...jelas payu larang.” “Nanging iki dudu duwekku, najan mlarat aku emoh barang haram.”
“Kapan maneh aku bisa sugih?”
“Gusti Allah tansah ngawasi, mengko aku bisa blai.”
Pungkasane, ati putihe Haris sing menangake perang batin iku. Jam pitu esuk, Haris banjur lapur polisi ing pos jaga prapatan dalan. Pulisi sing nampa lapuran ngajak Haris menyang kantor karo nggawa barang bukti.
Jujur bakal mujur. Ing kantor polisi, Haris ketemu karo Pak Ahmad kontraktor sugih sing lagi lapur amarga kemalingan. Sawise takon-tinakon, akhire Pak Ahmad ngendika, “Kowe kudu nerusake sekolah, kabeh kabutuhanmu dadi tanggung jawabku, jalaran wiwit saiki kowe dakangkat dadi anakku! ”
“Alhamdulilah, Haris ambruk ing sikile Pak Ahmad.”

Kawruh sapala:
protholan : ora nutugake sekolah
tilar donya : mati, pejah, seda
ngregeli : ndhredheg, ngowel
korat-karit : morat-marit
njungkel : tiba sirahe dhisik
Submit
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy