BAHASA JAWA_Kelas 5_ 13 Agustus 2020
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Nama Siswa *
Kelas *
NGRAKIT UKARA LAMBA
Ukara Lamba yaiku ukara kang polane mung siji.
Contoh Ngrakit Ukara Lamba
NGRAKIT PARAGRAP


Jenise paragraph manut wujude ana telu, yaiku, paragraph dhedyksi, induksi, lan campuran.

Paragrap Dheduksi yaiku paragrap kang idhe pokoke manggon ing ukara lekasan (wiwitan). Dene ukara – ukara liyane minangka ukara penerang.

Tuladha :
Bima lunga menyang Surabaya. Wis suwe Bima pengen menyang Surabaya. Ibune janji yen bijine apik arep dijak menyang Surabaya. Unggah – unggahan kelas lima iki Bima juwara loro ing kelase.

Paragrap Indhuksi yaiku paragrap kang idhe pokoke manggon ing ukara pungkasane paragraph. Dene ukara – ukara liyane minangka ukara penenrang.

Tuladha :
Ing Surabaya Bima nginep telung dina. Bima rumangsa seneng karo sedulur misanane. Dina kang ketelu Bima dijak rujakan karo budhene. Surti nyepakake kates lan nanas. Budhe ne nyepakake bumbon. Bima diutud budhene tuku gula ing toko cedhak omah.


Paragrap Campuran yaiku paragraph kang idhe pokoke ora katulis kanthi terang – terangan (tersirat).

Tuladha :
Bima nginep telung dina ing Surabaya. Atine rumangsa marem. Kepinginane wis keturutan. Saben sore Bima mlaku – mlaku . bima seneng ndeleng keramean ing kana. Kabeh kang dialami dicathet ing bukune, minangka kenang – kenangan.

Ide pokoke : Bima seneng atine.


Submit
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy