UJIAN PRAKTEK
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Iniciar sesión en Google para guardar lo que llevas hecho. Más información
Kode Unik Siswa *
Nama Siswa *
Kelas *
Praktek Pidato Bahasa Jawa
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas
Ingkang kula tresnani rencang-rencang

Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan kaharjan saengga ing wekdal menika lan ing papan  kita saged makempal. Kula Amalia wakil saking kelas 6 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula ran rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan sekolah mriki. Mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Allah SWT, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna, kanthi sukses ugi kanthi biji ingkang sae.

Kula lan rencang-renang ugi nyuwun agenging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih. Rencang-rencang sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

Enviar
Borrar formulario
Nunca envíes contraseñas a través de Formularios de Google.
Este contenido no ha sido creado ni aprobado por Google. Denunciar abuso - Términos del Servicio - Política de Privacidad