Materi Kelas 3 - Basa Jawa (5/8/2020)
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Nama Siswa *
Kelas *
Materi Basa Jawa (Wulangan 1, Pasinaon 2)
Migatekake Titi Swara
Swara [a] Jejeg Lan Swara [a] Miring

Swara (a) Jejeg yaiku swara (a) sing kaya ing tembung: sapa, kana, raja, ls
Swara (a) miring yaiku swara (a) sing kaya ing tembung: tembung: pāpān, pāngān, jārān, kāwāt lsp.

 Ukara Pitakon
Ukara pitakon yaiku ukara-ukara kang mbutuhake wangsulan.
Ukara pitakon iku migunakake tembung pitakon, lan ukarane dipungkasi kanthi tandha pitakon (?).
Contoh ukara pitakon :
1. Sapa jenengmu?
2. Ing endi pak Wahyu tumbas wedhus?
3. Benjang menapa Panjenengan badhe rawuh mriki maleh?
4. Kados pundi caranipun supardos para siswa saged tertib?

Pasinaon 2: Makaryo Bebarengan
Pasinaon loro iki maksude supaya bocah-bocah bisa sinau bebarengan karo konco lan  keluarga.
Pasinaon 3: Makaryo Mandhiri
Pasinaon telu iki bakal nglatih bocah-bocah supaya bisa makarya kanthi mandhiri. Najan mangkono, ibu utawa Bapak guru bisa paringi bimbingan menawa ana bocah sing durung bisa makarya
Gladhen 1: Maca Lancar Teks Crita
                                                                                    Endahe Alas Mangrove Ing Surabaya
            Bocah-bocah apa wis ngerti yen ing Kutha Surabaya ana objek wisata kang arupa alas? Wujude yaiku alas mangrove. Endah lo sesawangane! Objek wisata rupa alas mangrove mau ana loro cacahe, dumunung ing desa Wonorejo lan desa Gunung Anyar.

(1) Mangrove Wonorejo
Alas mangrove Wonorejo manggon ana pesisir wetan, utawa Pantai Timur Surabaya (Pamurbaya). Sakliyane nduweni fungsi minangka bendungan uga dimanfaatake minangka wisata air lan ekowisata. Akeh fasilitas kang bisa dinikmati ing kene, ing antarane yakuwi restoran apung, prau wisata, stand batik mangrove, menara pantau, sentra kuliner asil laut, lan sapanunggale.
Saliyane kuwi uga ana taman rekreasi edukasi kebun bibit Wonorejo. Ing kene adhik-adhik bisa nyinaoni jeneng lan wujude maneka warna tanduran, carane ngramut, lan
carane nangkarake.

(2) Mangrove Gunung Anyar
Sauntara kuwi, objek wisata alas mangrove Gunung Anyar dununge ora pati adoh saka wisata alas Wonorejo mau. Nalika mlebu area iki, bocah-bocah bisa langsung ndeleng kethele alas mangrove, segara, sarta  flora fauna kang apik lan nengsemake.
Sadawane gladhag kang nuju alas mangrove mau, bocah-bocah uga bakal ketemu kethek buntut dawa lan maneka spesies manuk. Ing kene bocah-bocah uga bisa melu nandur bibit mangrove lan ngrumat tanduran mangrove mau.

Next
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy