B. Jawa Kelas 6_ 27 Agustus 2020
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Nama Siswa *
Kelas *
Gladhen 1  :  Nyemak Teks Tembang Macapat
Teks 1: Pangkur

Negriku Indonesia,
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,
Nunggal ingkang den ginayuh,
Karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandhang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.
Lelandhesan Pancasila,
Ya Bhineka Tunggal Ika puniki,
Nyata kaesti satuhu,
Pranataning agama,
Seni, sastra lan budaya adiluhung,
Dadi jatidhiri bangsa,
Indonesiaku yekti.


  Bausastra:
   ngundhamana             : ngelok-elokake,
   kaskaya                       : bandha donya, kasugihan
   ajine                   : regane
   ngrembakakake         : ngembangake, njembarake mekare
   saindenge Indonesia : sa-Indonesia kabeh
   pamrihe                      : tujuane, karepe
   mumpuni                   : mrantasi gawe
   nyawiji                       : dadi siji
   jinagi                         : jinaga
   kaesti                        : ditemeni, dilakoni, diperdi
   nyawiji                       : dadi siji
   jinagi                         : jinaga
  satuhu                        : temenan
  adiluhung                   : nduweni kagunan/mutu sing dhuwur
  yekti                           : temenan, saestu


TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerah utawa tradhisional Jawa.
Jenise tembang macapat kuwi ana 11, yaiku: Mijil, Kinanthi, Pucung, Sinom, Pangkur, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Maskumambang, dan Megatruh.
 Saben tembang macapat nduweni watak, sasmita, lan titikan utawa pathokan dhewe-dhewe. Ing ngisor iki diandharake titikan, watak, lan sasmitaning tembang macapat.

A. Watak lan sasmitane tembang macapat

Watake tembang macapat kuwi gegambaran ngenani cakriking tembang, sing kamot sajerone tembang mau.
Carane meruhi wewatakane tembang mau, kanthi ndeleng isine tembang. Tuladhane, yen watake sereng, tegese isine tembang arupa pitutur tegas sing kudu digugu.
Sasmitane tembang kuwi tembung tartamtu sajeroning tembang, sing bisa nuduhake jinise tembang.
Carane kanthi ndeleng salah siji tetembungan ing jerone tembang. Tuladhane tembang Pangkur, lumrahe ana tembang sing nganggo tembung kur, mangkur, pungkur, utawa kuku.

B. Titikane tembang macapat
Titikane tembang macapat kuwi manggon ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Guru gatra kuwi cacahe larik saben sapada.
Guru wilangan kuwi cacahe wanda saben sagatra.
Guru lagu kuwi tebane swara ing pungkasaning gatra.

Ing ngisor iki carane nggoleki titikane tembang:
a) Guru gatra digoleki kanthi ngetung pira cacahe larik saben pada utawa bait.
b) Guru wilangan digoleki kanthi ngetung pira cacahe wanda utawa suku kata.
c) Guru lagu digoleki lumantar swara utawa vokal ing pungkasaning pada (bait).


Submit
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy