B. Ngidhentifikasi Titikane Teks Informasi
1. Saben jinis teks informasi nduweni ciri-ciri utawa titikan mligi. Bisa katitik saka informasi sing diandharake uga bisa saka basa kang digunakake.
Titikane teks Informasi:
a. Teks pawarta
1. Ngandharake fakta
2. Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
3. Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.
b. Teks Persuasi
Teks persuasif yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca. Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, nawakake.
c. Sesanti/ Slogan
Slogan isine ngajak lan ngelingake.
d. Pariwara/Iklan
Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake. Tuladhane slogan, kayata: visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik, lan sapanunggalane. Iklan, tuladhane kaya: iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lan sapanunggalane.