Urip Guyub Rukun
Minangka anggota masyarakat, kita kudu guyub rukun. Guyub yaiku greget (semangat) tumindak bebarengan, dene rukun tegese urip kang salaras lan ngedohi pasulayan utawa ora tukar padu. Guyub rukun kudu dikulinakake lan wajib ditindakake. Karo anggota kulawarga kudu guyub rukun, supaya kabeh anggota kulawarga bisa krasan lan ayem ing omah. Marang tangga aja seneng tukar padu (bertengkar), kudu tulung-tinulung, lan tepa slira. Guyub rukun ing sekolah bisa katindakake kanthi cara ngajeni lan mituhu marang guru, sinau bebarengan karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih(kaya) utawa mlarat (miskin), gotong royong ngresiki lingkungan sekolah, lan liya-liyane.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese: rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan (pertengkaran/perselisihan) ndadekake korat karit (bubar/bercerai berai). Paribasan iki mujudake salah sawijining piwulang kang tansah digondheli dening wong Jawa sing kepengin urip guyub rukun lan ayem tentrem ing masyarakat. Paribasan iki nuduhake yen wong Jawa ora seneng pasulayan utawa tukar padu. Pasulayan (pertengkaran/perselisihan) ora ana gunane, jalaran sakabehe prekara (masalah) bisa dirampungi kanthi musyawarah.
Saliyane paribasan, geguritan (puisi bebas) uga bisa kanggo sarana mulangake ajaran guyub rukun. Ing minggu kapungkur, kita sampun belajar materi geguritan. Kita ulas male nggih. Geguritan, yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. Ciri-cirine geguritan yaiku:
1. bebas jumlah larik (baris) ing saben pada (bait)
2. bebas jumlahe pada (bait)
3. bebas pilihan tembung kang digunakake (sing penting, isine mentes lan pantes)