Kelas 6 Bahasa Jawa (28 Oktober  2021)
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Kode Unik Siswa *
Nama Siswa *
Kelas *
Paribasan, bebasan lan saloka
A. Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan (terjemahan; Paribasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) dan tidak mengandung makna pengandaian (bermakna konotatif)).
           Tulada :
1. "Adigang adigung adiguna", tegese ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane. (artinya; mengandalkan (menyombongkan) kekuatannya, kekuasaannya, dan kepandaian yang dimilikinya).
2. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.(artinya; tidak mau mendengarkan keluh kesah/ gunjingan orang lain yang tidak baik).
3. "Angon mangsa", tegese golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik.(artinya; menunggu waktu yang tepat atau mencari waktu yang baik).
4. "Anak polah bapa kapradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga.(artinya; orang tua juga ikut menanggung akibat dari perbuatan anaknya yang tidak baik).

B. Bebasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge (terjemahan; Bebasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna kiasan dan mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan tersebut yaitu sifat, watak, maupun keadaan seseorang).
      Tulada :
1. "Abang-abang lambe", tegese guneme mung kanggo lamis-lamis.(artinya; berbicaranya hanya berbasa-basi).
2. "Adol lenga keri busike", tegese wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora keduman.(artinya; orang yang membagi-bagikan barang tetapi dia sendiri malah tidak kebagian).
3. "Ana bapang sumimpang", tegese nyingkiri sekabehing bebaya.(artinya; menghindari

C. Saloka
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan, dene sing ngemu surasa pepindhan iku wonge, lan iso anggo pepindhan kewan utawa barang. (terjemahan; Saloka (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya dan memiliki makna pengandaian, dimana yang diandaikan tersebut adalah orang, dan dapat menggunakan pengandaian binatang maupun barang). Lumrahe tembung kang isi pepindhaning wong mau, dumunung ana ngarep ukara utawa kawiwitane ukara.semua hal yang berbahaya).
Tulada :
1. "Asu belang kalung wang", tegese wong ala utawa wong asor nanging sugih.(artinya; orang jelek, rendah, atau jahat tetapi kaya).
2. "Asu gedhe menang kerahe", tegese wong luwih dhuwur pangkate lan luwih gedhe panguasane biasane menang perkarane.(artinya; orang yang lebih tinggi derajat pangkatnya biasanya menang permasalahannya).
3. "Ati bengkong oleh oncong", tegese wong kang duwe niat ala, ana sing nyarujuki oleh dalane.(artinya; orang yang punya niat buruk/ jahat ada yang mendukung dan mendapat jalan).


Submit
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy