MASTER KELAS 3 - B.JAWA 12/08/2020
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2020 - 2021
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Pengalaman Pribadi
Saben bocah mesthi nduweni pengalaman. Pengalaman dibedakake dadi loro :
1. Pengalaman sing nyenengake yaiku pengalaman sing sing isine kedadeyan – kedadeyan nengsemake (nyenengake)
Tuladha : plesiran ing telaga, melu kegiatan pramuka, dolanan, karo kanca, lan sapanunggale.
2. Pengalaman sing nrenyuhake yaiku pengalaman sing isine kedadeyan – kedadeyan sing gawe susahe ati (nyedhihake)
Tuladha : tiba saka sepeda, ora dadi juara kelas, nandang lara, lan sapanunggale.

Tuladhane pengalaman sing nyenengake :

Plesiran Menyang Pantai Popoh
Judul Tanpa Judul
Dina Minggu, tanggal 7 Agustus 2016 kepungkur Rini, Bima, Pak Wibawa, lan Bu Dewi tindak plesir menyang Pantai Popoh. Pantai popoh iku manggon ana ing tlatah Kabupaten Tulungagung. Salah sijine kabupaten ing Jawa Timur.

Budhal saka daleme simbah jam 06.00. watara jam 07.00 Pak Wibawa sakulawarga wis tekan pinggire segara. Bu Dewi banjur menyang loket. Karcis mlebune murah banget. Mung Rp 3000,00 saben wong. Sakwise nyekel karcis, kabeh banjur mudhun saka mobil, tumuju menyang pendhapa sing manggon persis sapinggire segara. Pendhapane gedhe tur resik. Hawane rada adhem, amarga angin segara kang sumribit.

Rini banjur ngejak Bima mlaku ngetan, menyang panggonan pelelangan iwak. Wah... ana prau sing lagi mbongkar iwak olehe njaring saka segara. Iwake akeh banget lan werna-werna. Ana sing gedhe lan ana uga sing cilik. Seneng rasane ndeleng para nelayan ngusung asil kerjane. Bocah loro nyata kesengsem ndeleng kahanan iku. Nyata Indonesia iki pancen sugih.

Ora krasa wis jam telu sore. Pak Wibawa banjur nimbali Rini lan Bima supaya padha tata-tata. Jam setengah papat banjur budhal mulih.

Kawruh sapala:
Kepungkur = wingi, yang lalu
Plesir = dolan, rekreasi
Tlatah = wewengkon, wilayah
Tekan = teka ing
Tumuju = menuju
Pendhapa = bale, papan kanggo pertemuan
Sumribit = sumilir
Njaring = golek iwak nganggo jaring
Kesengsem= kayungyun, terpesona


Lapuran Asil Observasi Pantai Popoh
Papan observasi : Pantai Popoh
Wektu pengamatan : Minggu, 7 Agustus 2016
Obyek sing diobservasi : TPI
Pengamat : Rini


Hasil Observasi
Nama Siswa *
Kelas *
Submit
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy