MATERI KELAS 5 B. Jawa (Kamis, 22 Juli 2021)
SD Muhammadiyah 1 GKB Gresik Tahun Pelajaran 2021 - 2022
Sign in to Google to save your progress. Learn more
Nama Siswa *
Kelas *
TEKS NARASI LAN TEKS DHESKRIPSI
TEKS NARASI                                                                                                                                                                                             Teks Narasi yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis. Wong kang moco teks narasi kaya – kaya ngalami dhewe kedadean kang diandharake.
Struktur Teks Narasi yaiku :
1. Alur                : urutane kedadean
2. Paraga lan watake /penokohan : kang ngalami kedadean
3. Latar                                             : wektu,papan lan swasanane kedadean

TEKS DHESKRIPSI
Teks deskripsi yaiku tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggon, utawa kedadean kanthi njlimet/rinci, nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake penulis.
Struktur Teks Dheskripsi yaiku:
1. Identifikasi : obyek, panggon , utawa barang kang diandharake kanthi umum
2. Klasifikasi : ngandharake bagean – bageane obyek
3. Dheskripsi bagean : ngandharake bagian – bagian kanthi rinci

Gagasan Pokok yaiku topik/tema sing dibahas ing sajeroning wacan.Kanggo maca teks kang becik, kita kudu nggatekake bab – bab kaya ngisor iki !
1. Pangucap :
       Lafal pengucape kudu teteh/fasih, bener lan becik. Pangucape kudu cetha lan resik. Ora kena mangu-mangu
2. Wirama :
       Wirama yaiku intonasi utawa adhegan anlika maca. Ana lagu utawa intonasi pawarta, pitakon lan pakon. Tetelune
       adhedasar
       jenis ukurane.
3.    Ekspresi lan solah bawa  :
       Ekspresi lan solah bawa iku dhasare isi lan swasana kang ana ing wacan. Ana swasana seneng, swasana sedih swasana
       medeni lan sapiturute.
       Solah bawa yaiku obahe sirah, awak, tangan , sikil , lan uga parangan badan liyane, cocog karo werdi lan swasana sing
       kepengin diandharake.

Submit
Clear form
Never submit passwords through Google Forms.
This content is neither created nor endorsed by Google. Report Abuse - Terms of Service - Privacy Policy